Candu Rindu

 Hei rek. Aku fafa.

Neng kene aku kape cerito tentang kisah percintaan ku.

Aku bingung kate muali teko endi, tapi muga wae iki siok lengkap tak tulis.

Dimulai teko aku kate munggah kelas 12 MAN, pas kae aku lagi prei semesteran. Aku kan pengen kulian ndek unair pas kae, dadi aku meloklah group-group koyok bangsane piye carane lulus UN dengan niali apik, group UTBK lan group laine seng berkaitan karo kulahku mben.

Nah lanjut, kan aku wes melbu group akeh ya nah akuki ketepaan sala siji group kui seng berkaitan karo telu pelajaran mipa admine ternyata jek sekelas karo aku arek ndemak. Nah kapan wayah akuki komen neng admin group e polae group seng di gawe wonge mek digawe pesane isok dikirim karo dek e tok, aku komen ben group e dibuka untuk umum. Singkat cerito suwe-suwe aku akrab karo mbak admin e (sepurane ya aku lali tapi jenenge sopo) nah kapan hari kui aku di chatlah ambek admine aku ditawari dadi pembantune dek e dalam mengchat ke group untuk memberikan soal gae arek seng ndek group. Tanpa piker panjang aku yo langsung gelem ae rek kan gampang tugasku. Mergo gelem aku dadi didadekno admin group e. akukan mondok se, nah pas ndek pondok kan gak oleh nyekel hp dadine yo aku nggak isok ngelaksanakno tugasku, tapi yo gak popose gk penteng. Lanjut cerito lek gak salah pas akukan isok balek se lek wayahe libur kadang akum oleh sebulan pisan ndek masku kediri. Nah mboh ulan opo kae akuki di chat ambek arek wedok. Arek e kui njalok di lebokno neng group pendalaman maple biologi. Nah mboh piye ceritane suwe suwe pokok aku ki cedek ambek arek iki (sebut ae A). aku lek moleh pasti chatanku karo A iki. Kadang yo mbahas soal (diskusi), kadangyo aku seng takok terkait maple Bahasa inggris. Serenglah pokok e chatan ambek A iki kadang sampek tengah malem, wes koyok bucin pol aku pas kae rek (aku ngguyu dewe rek nulis iki), nah tiba liburan semester satu, aku liburan neng gone mas ku seng lain pulau nggak ndek jatim neh. Tapi yo tetep melok jatim se provinsine. Pas liburan nambah cedeklah aku ambek si A iki, yo koyok uwu uwu an (wkwkw bahasaku loh). Kadang aku lek eleng masa kui mbatenku cok guomik e aku wkwk. Lanjut mboh ngopo akuki aku karo A iki seiki sering chatan ki guduk bahas maple maneh melainkan mbahas seng nggak penting-penting. Hahaha. Koyok takok wes mangan ta gorong, jek ngopoi yo koyok kaelah rek koyo biasane arek mbucin….

 

Singkat cerito liburanku ndek pulau lain neng ngomahe masku kui wes mari. Aku wes mbalek neh ndek kediri lan sediluk nkas aku kudu mbalek pondok maneh. Nah mboh yok opo yo aku roh si A kui gorong nduwe pacar (ujarku) walaupun si A iki nduwe kenalan online juga wong Sulawesi lek nggak salah. Pas kate mbalek ndek pondok aku mboh kesurupan opo kepikiran mengungkapkan isi hati (isi hati aseekkk wkwkwkw). Aku miker piye yo carane mengungkapkan perasaanku ambek dek e, aku mikir-mikir sedangkan aku karo si A I blas babar pisan gorong pernah ketemu. Loooos. Pokok aku tetep nggawe kata-kata alay (alay menurutku seiki) gae nembak dek e. nah akukan moleh pondok dewekan nggak di anterno masku pas kate melbu wilayah pondokku aku ngirim pesan seng wes tak rangkai dengan penuh hati kui neng si A. tapi aku ndek ngisore kui tak kei kata nggak perlu dibales, soale wektu kui aku neng asrama hp ku neng ustad dadi nggak perlu dibales seiki, singkat cerito mboh ulan opo akum oleh aku ngecek hpku neh ternyata bener le si arek A mang nggak blas mbales chat terakhirku, teros aku ngechat dek e disek ternyata dek e ngekei jawaban “Nggantung” dek e ngomong “aku nggak bisa beri kepastian takut mengecewakan”. Neng kene aku sondok kecewa si karo jawaban ngono karepku lek yo yo ngomong yo lek nggak yo nggak, tapi jan mboh kenek opo akuki koyok wes nemukno wong seng cocok ngonolo ambek akuki dadi aku yo no problem dengan jawban gajelas itu. Aku karo si A nambah ceddek rek, aku karo dek e seringlah bertukar foto, aku akeh nyimpen fotone A. tapi akukan arek e garing rek, dadi aku tau telponan ambek dek e ki lek nggak salah peng telu, tapi peng telu kui nggak memuaskan banget obrolane soale aku nggak pinter ndolek topik. Tapi walau obrolane receh aku iseh eleng piye rasane atikuki rasane berdebar adem… dan hubunganku ambek si A terus berlangsung sedemikian rupa.

Lanjut ing ulan maret 2020, arek e kan ualang tahun si nah akuki wes nyiapno kado berupa buku campbell karo kudung biru rek (kudung tak tukokno pas haul muassis pondokku) nah wes tak bingkis uapik rek (yayadong mbungkuse karo perasaan). Terus tak terno neng kurir berlogo tiga huruf. Nah takdire berkata lain, mboh piye nganti sakprene kui paketku nggak teko rek, kurire ngantok paling. Yo pokok paketku nggak tekok ndek arek A iki.

Kejadian seng tak anggep sangar ki ulan April lek nggak salah, aku chatan via messenger karo laptop, aku mbiyen mondok karo sekolah percepatan dadi aku oleh nganggo laptop. Nah pas kui chatanku asik asik mboh lali aku mbahas opo karo dek ne. tapi intine si A iki ngomong bahwa dek e lagi maem, nah neng sanding iki enek bundane, nah dek e ki nawari aku opo kate cahatan ambek bundane, nah mboh yok opo aku dengan sok gentle nya tak iyonilah aku wani chatan karo bundane dek e (saksine arek kamarku wkwkw) nah pas awal awal aku pas awal-awal biasa ngono chatan ambek bundane pertama yo salam, tapi intine kata sing tak ingat beliau (bundane A) sanjang bahwa sapean lan juga si A kui tasek alit, nah dereng waktune ngeneiki (aku paham maksute beliau cedek/pacaran) aku karo si A di kongkon ngejar impian lan sekolah seng duwur dikek intine ngono. Waktu beliau sanjang ngono aku baru sadar iyo jugayo betul beliau, yowes mergo wes wani (gentle) aku lali se mboh tak tutup mboh ora percakapanku ambek bundane A iki, tapi mari ngono hp ne si A iki dikeknoneng arek e maneh. Neng konolah aku merasa isin dan mengulangi chatan e bundane dek e. singkayt cerito chatan ku ambek dek e ditutup mergo aku enek kegiatan pondok.

Mempercepat cerito, masa bucin terus berlangsung nganti aku wes boyong teko pondok aku ijek ae bucin karo si A. akukan arek percepatan nah aku berkesempatan mengikuti semua jalur masuk kuliah yang ada, pertama SNMPTN aku nggak lolos terus langsung disemangati ambek dek ne, sampek ujian ujian laine. Dek e sih nyarano lek aku kuliah e tetep neng jatim, tapi merhgo pas kae korona akupun di kongkon mjuleh neng tiang sepahku, lan dikongkon kuliah ndek cedek-cedek wae. Tapi aku neng kono tetep ngotot ben aku isok neng njowo maneh paling tidak aku kudu kuliah ndek Jakarta, dan alhamdulillahe aku keterimo neng uin Jakarta. (masalah perkuliahan nggak tak ceritakno neng perbucinan).

Singkat cerito neng ulan juni dimana aku masih proses berjuang masuk kuliah ndek Jakarta, TIBA – TIBA si A menghilang. TANPA KABAR.

Pas kae aku chat messenger chat DM nggak eneng seng dibaca dan dibales. Sama sekali. Sampek lali aku pesan kui mboh wes pirang ulan tak kirim suatu waktu lek nggak salah oktober, aku di bales lah ambek si A iki, dek e ngomong “aku dilarang ortuku chatan dengan kakak, dan tolong jangan hubungi aku lagi” dari balasan itu aku mendapat penjelasan yang singkat padat dan jelas. Dan aku mek iso berkata baiklak, ok.

Tapi sebenernya hatiku waktu itu berkata ndak bisa ndak menghubungi kamu itu, tapi karena itu memang permintaannya maka aku siap melaksanakan.

Satu kata pepatah Gus Baha yang saya terapkan “Jika kamu mencintai orang, maka kamu harus siap disakiti orang yang kamu cintai” dari kata Mutiara itu aku bersikap apa yang si A mau aku turuti.

Bulan  maret 2021, setelah sekian lama aku ndak ngubungi si A aku leing ning le kulan maret iki hari ulang taun e dek e, dadi langsung lah ya aku enek kretek neng at ikon ngucapno, yowes aku desain ucapan selama ulang tahun e dek e, nah pas hari ulang taun e dek e tak kirim desain an ku kui. Tapi neng kono aku nggak ngekei caption opo-opo mergo aku sadar diri nko malah ngganggu dek e, barang wes tak kirem alhamdulillahe didelok diwico neng kono aku seneng banget brarti nomerku nggak diblok e. masio ra dibales yo ra popo tapi aku wes seneng isok nggak lali ambek ultah e.

Tapi mboh yo rek juju rek, masio ra tau chatan ambek dek e neh ki tapi koyok ne jek cuedek pol rek karo si A iki, aku sering kebayang kebayang wajahe ndek pikiranku iki suering poolll. Aku dadi eleng lek nggak salah dawuh e sohabat Ali, “yen dewe eleng wong lek pas keadaan bahagia brarti awak dewe mencintai dek e, nanging yen dewe eleng wong kok pas lagi susah brarti wong sing dieleng kito kui seng seneng awak dewek”. Nah sampek sepr         ene aku ki lek eleng arek e lek bahagia aku dadi yakin rek lek aku jek cinta ambek dekne sampek saprene, mboh yo opo yo rek aku uangel e, nggak berhasil-hasil move on. Juju raku sering staltk ig ne se wkwkwk. Gae delok kabare tok hehe.

Kemudian cerito lanjut neng bulan September, pas iku isuk-isuk aku kape kuliah bar adus aku mbukak lah WA nah akukok kuaget rek yen si A kui ngechat aku… huaaaaaaaaaaa.

Dengan bahasan dek e njalok sepuro yen wes ilang tanpa kabar pas kae, karo jelasno lek arek seng biasane dek e ceritakne neng aku seng saksekolah MAN karo aku kui guduk mase. Dengan PD nya aku mboh yo opo yok arena aku males mendalami perihal laine neh aku chate tak bales secara singkat pol. Aku jawab iyo nggak popo kok. Tapin asline yo rek sampek saprene aku penasaran terus arek lanang seng sak sekolah karo aku kui sopone ya wkwkw aku kate takok ngono tapi kok gengsi wkwk yowelah tapi akun yakin si lek kui guduk pacare wkwkw. Teko chatan kui nomerku di simpen neng neng si A iki, nanging yo ngono rek aku kate mbahasan topik atau chatan biasane koyok mbiyen ngono aku sungkan e, nko malah dek rishi menghilang maneh, yowes akhire akuyo mung biso ndelok strory arek e teros, lek update foto jujur sering tak pandangi wkwkwk. Suwer roso neng atikuki nggak berubah blas e, senajan aku gak tau ketemu tapi mbohyo, sopo juga isok ngendalikno roso. Karena aku bosen ndelok cahatan arek e dadi aku memutuskan untuk menghapus nomere dek e teko kontakku, aku ngapus kui bertujuan guna berusaha melupakan dan mengiklaskan, tapi jan, kok nggak isok yo, aku nulis cerito iki mergo aku puengen rek ngelanjutno hubunganku koyok pas kae maneh. Nggak koyo wong seng jektas kenal…..

Tapi mbohlah wes rek ceritone….

Pokok intine aku rindu si A.

Saya sangat mencintai dia😊

Aku berharap mogo jodoh. Aamiin hehe

 

Bye suwun wes gelem moco ceritoku iki hahaha….

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.